Kabudayan wong Jawa Kraga-Tanjungputri padha ditulad wong Sampung, sebab ragade UpacaraHwuning luwih entheng lan irid; ilmune luwih blag-blagan Kanyatan gampang. Beda karo Agamakapercayaane wong Sampung kang sarwa andupara khayal, ilmune rumit ruwed pujamantrane dawa
ngalur-alur ndrememel ngeselake; ragade Tata-Upacara akeh banged, sajene ngambrah-ambrah. Kang
mengkono mau ndadekake wong-wong Sampung padha bosen, wekasane mbanjur malih seneng ngalih
ganti ngrungkepi kapercayan-suci Hwuning, cawuh luluh karo kabudayan Jawa Kraga Tanjungputri;
mandar mbanjur gemang ngakoni aran wong Sampung-Tempabesi maneh, malih ngaku dadi wong JawaSampung.
Pulo Baweyan Sengkapura sirna separo, mblabare blegedaba muncrate lumpur-panas lan watu-watu
mengangah kontal ning angkasa, sarta udan awu sumebar tutug ngendi-ngendi ngurugi Segara Jawa.
Teluk Lodhan malih dadi dharatan Kragan, Sarang, Sedhan (Kabupaten Rembang). Segara Kening malih
dadi dharatan Pesisir Lor Kabupaten Tuban. Ing sisih kidul nyisa mberemake kali-gedhe (Bengawan
Solo) wiwit Kradenan ngglendheng mengalor tutug Cepu, nuli mbelok mengetan dadi bengawan Kethek;
mbanjur amber dadi rawa Widhang tutug bumi-embet Pangkah/ Sidayu, iline muntah ning Segara-supitan
Medunten.
Cuplikan dari Pustaka Parawitan ,/45/ janapada // satuluynya sira tan wangsul ri nagari kawitan nira
// ring samāngkana sira sowang sowang magawé ghriyāgheng / anggwa sakulawandhā nira sajalwistri
lawan katumbhi nira // sakwéhnya saka ghriya nira sakéng rondon mwang kuça // lawan ginawé ta
pirang sikil ing ghriya / yéku ghriya panggung wastanya // rikung sawiji ning ghriya nira rumaket hatut
madulur / rumaket ning pakandangan nira // i sor ikang ghriyānggwa pakandang upakārān satwa
madrewya nira // sirākembalan sarwa karya yan magawé yumah / tatar wana / akembalan ta sang
hundagi pandé wsi // hana pwan sang paneka sakéng bhāratanagari / juga mawarahwarah agama,
/46/ nira kang ginawa / sinumaraken ring janapadéng déça déça // sira makajar agama nira / ri kapujānya
sanghyang / makādi yéku / içwaradéwa pantara ning / brahmadéwa / wiçnudéwa mwang çiwadéwa /
ikang pramānāran trimurtiçwa ra / jugākwéh déwapuja manih dé nira salén ika // yatanya tan
pratibandéng mawarahwarahaken agama nira / makanimitta sira makolih daya // apan janapada riking
wwang wwang paneka juga / witan anādikāla nityasa pitrepuja / pinakāgnipuja // candrapuja / suryapuja
/ mwang salwirnya wanih / sangksépa sarwapitrepuja // wwang paneka hanyar sakéng bhāratanagari
bang kidul iku / wus prajna la-
/47/ wan sarwaçāstra / māpan sira wus mangādyanya i nagari kawitan nira ri kanang // matangyan sira
magawé daya / yan pamuja nira tan inawighnani dé nira / wwang paneka sakéng bharatanagari khawala
ngaran pamuja nirāteher inéwahi / māpanatutapadana prāyénglagi ning janapada riking // marga ning
mangkana tan angél sira mangādyayanya // hétunya pamuja nira ya ta /agnipuja sangkéng ika samapuja
lawan agnidéwapuja athawa sang hyang agni ngarannya wanéh / suryapuja samapuja lawan sang
adityadéwapuja / sanghyang surya ngarannya wanéh / mwang salwirnya wanéh //
/48/ deng mahapitrepuja ning wewenang ya ta sama lawan hyang wiçnu / hyang çiwa mwang hyang
bhrāhma / sinebut tridéwapuja athawa trimurtiçwara // matangyan tan lawas pantara ning akwéh ta
janapada mekul nikang agama hanyar // ring samangkanākwéh ta sang paneka mastri lawan anak ira
sang panghulu ning janapada déça / tumuluy dlahanāk ira sumilihaken kalungguhan ayayah atuha nira //
Tidak ada komentar:
Posting Komentar