Selasa, 11 Oktober 2016

Kitab jaya baya bhs jawa

KITAB MUSARAR JAYABAYA
MAS KUMITIR ♦ JULY 1, 2008 ♦ 9 COMMENTS






8 Votes

Kitab Musarar inganggitDuk Sang Prabu JayabayaIng Kediri kedhatoneRatu agagah prakosaTan ana kang malangaParang muka samya telukPan sami ajrih sedaya
Milane sinungan saktiBathara Wisnu punikaAnitis ana ing keneIng Sang Prabu JayabayaNalikane mangkanaPan jumeneng Ratu AgungAbala para Narendra
Wusnya mangkana winarniLami-lami apeputraJalu apekik putraneApanta sampun diwasaIngadekan rajaPagedhongan tanahipunLangkung arja kang nagara
Maksihe bapa anenggihLangkung suka ingkang ramaSang Prabu JayabayaneDuk samana cinaritaPan arsa katamiyanRaja Pandhita saking RumNama Sultan Maolana
Ngali Samsujen kang namiSapraptane sinambramaKalawan pangabektineKalangkung sinuba subaRehning tamiyan rajaLan seje jinis punikuWenang lamun ngurmatana
Wus lengah atata samiNuli wau angandikaJeng Sultan Ngali Samsujen“Heh Sang Prabu JayabayaTatkalane ing sirekuKandhane Kitab Musarar
Prakara tingkahe nenggihKari ping telu lan paraNuli cupet kepraboneDene ta nuli sinelanLiyane teka para”Sang Prabu lajeng andekuWus wikan titah Bathara
Lajeng angguru sayektiSang-a Prabu JayabayaMring Sang raja pandhitaneRasane Kitab MusararWus tunumlak sadayaLan enget wewangenipunYen kantun nitis ping tiga
Benjing pinernahken nenggihSang-a Prabu JayabayaAneng sajroning tekeneIng guru Sang-a PandhitaTinilar aneng KabahImam Supingi kang nggadhuhKinarya nginggahken kutbah
Ecis wesi UdharatiIng tembe ana MolanaPan cucu Rasul jatineAlunga mring Tanah JawaNggawa ecis punikaKinarya dhuwung punikuDadi pundhen bekel Jawa
Raja Pandhita apamitMusna saking palenggahanTan antara ing laminePan wus jangkep ing sewulanKondure Sang PandhitaKocapa wau Sang PrabuAnimbali ingkang putra
Tan adangu nulya praptiApan ta lajeng binektaMring kang rama ing lampaheMinggah dhateng ardi PadhangKang putra lan keng ramaSakpraptaning ing gunungMinggah samdyaning arga
Wonten ta ajar satunggilAnama Ajar SubrataPan arsa methuk lampaheMring Sang Prabu JayabayaRatu kang namur lampahTur titit Bathara WisnuNjalama Prabu Jayabaya
Dadya Sang Jayabaya jiWaspada reh samar-samarKinawruhan sadurungeLakune jagad karanaTindhake raja-rajaSaturute laku putusKalawan gaib sasmita
Yen Islama kadi nabiRi Sang aji JayabayaCengkrameng ardi wus suweApanggih lawan ki AjarAjar ing gunung PadhangAwindon tapane gunturDadi barang kang cinipta
Gupuh methuk ngacaraniWus tata denya alenggahAjar angundang endhangeSiji nyunggi kang rampadanIsine warna-warnaSapta warna kang sesuguhKawolu lawan ni endang
Juwadah kehe satakirLan bawang putih satalamKembang melathi saconthongKalawan getih sapitrahLawan kunir sarimpangLawan kajar sawit ikuKang saconthong kembang mojar
Kawolu endhang sawijiKi Ajar pan atur sembah“Punika sugataningongKatura dhateng paduka”Sang Prabu JayabayaAwas denira anduluSedhet anarik curiga
Ginoco ki Ajar matiEndhange tinuweng pejahDhuwung sinarungken ageCantrike sami lumajarAjrih dhateng sang nataSang Rajaputra gegetunMulat solahe kang rama
Arsa matur putra ajrihLajeng kondur sekaliyanSapraptanira kedhatonPinarak lan ingkang putraSumiwi munggweng ngarsaAngandika Sang-a PrabuJayabaya mring kang putra
“Heh putraningsun ta kakiSira wruh solahing AjarIya kang mati dening ngongAdosa mring guruningwangJeng Sultan MaolanaNgali Samsujen ta ikuDuk maksih sami nom-noman
Sinom
Pan iku wus winejangMring guru Pandhita NgaliRasane kitab MusararIya padha lawan mamiNanging anggelak janjiCupet lelakoning ratuIya ing tanah JawaIngsun pan wus den wangeniari loro kaping telune ta ingwang
Yen wis anitis ping tigaNuli ana jaman maningLiyane panggaweningwangApan uwus den wangeniMring pandhita ing nguniTan kena gingsir ing besukApan Maolana NgaliJaman catur semune segara asat
Mapan iku ing JenggalaLawan iya ing KediriIng Singasari NgurawanPatang ratu iku maksihBubuhan ingsun kakiMapan ta durung kaliruNegarane raharjaRahayu kang bumi-bumiPan wus wenang anggempur kang dora cara
Ing nalika satus warsaRusake negara kakiKang ratu patang negaraNuli salin alam malihIngsun nora nduweniNora kena milu-miluPan ingsun wus pinisahLan sedulur bapa kakiWus ginaib prenahe panggonan ingwang
Ana sajroning kekarahIng tekene guru mamiKang nama raja pandhitaSultan Maolana NgaliSamsujen iku kakiKawruhana ta ing mbesukSaturun turuniraNuli ana jaman maningAnderpati arane Kalawisesa
Apan sira linambanganSumilir kang naga kentirSemune liman pepekaPejajaran kang negariIlang tingkahing becikNegara kramane suwungMiwah yudanegaraNora ana anglabetiTan adil satus taun nuli sirna
Awit perang padha kadangDene pametune bumiWong cilik pajeke emasSawab ingsun den suguhiMarang si Ajar dhinginKunir ta ingsunNuli asalin jamanMajapahit kang nagariIya iku Sang-a Prabu Brawijaya
Jejuluke Sri NarendraPeparab Sang RajapatiDewanata alam iraIngaranan AnderpatiSamana apan nenggihLamine sedasa winduPametuning nagaraWedale arupa picisSawab ingsun den suguhi mring si Ajar
Juwadah satakir iyaSima galak semu nenggihCuriga kethul kang lambangSirna salin jaman maningTanah Gelagah wangiPan ing Demak kithanipunKono ana agamaTetep ingkang amurwaniAjejuluk Diyati Kalawisaya
Swidak gangsal taun sirnaPan jumeneng Ratu adilPara wali lan pandhitaSadaya pan samya asihPametune wong cilikIngkang katur marang RatuRupa picis lan uwangSawab ingsun den suguhiKembang mlathi mring ki Ajar gunung Padhang
Kaselak kampuhe bedhahKekesahan durung kongsiIku lambange dyan sirnaNuli ana jaman maningKalajangga kang namiTanah Pajang kuthanipunKukume telat DemakTan tumurun marang siwiTigang dasa enem taun nuli sirna
Semune lambang CangkramaPutung ingkang watang nenggihWong ndesa pajege sandhangPicis ingsun den suguhiIya kajar sauwitMarang si Ajar karuhunNuli asalin jamanIng Mataram kang nagariKalasakti Prabu Anyakrakusumo
Kinalulutan ing balaKuwat prang ratune sugihKeringan ing nungsa JawaTur iku dadi gegentiAjar lan para waliNgulama lan para nujumMiwah para pandhitaKagelang dadi sawijiRatu dibya ambeg adil paramarta
Sudibya apari kramaAlus sabaranging budiWong cilik wadale reyalSawab ingsun den suguhiArupa bawang putihMring ki Ajar iku mauJejuluke negaraRatune ingkang miwitiSurakarta semune lintang sinipat
Nuli kembang sempol tanpaModin sreban lambang nenggihPanjenengan kaping papatRatune ingkang mekasiApan dipun lambangiKalpa sru kanaka putungSatus taun pan sirnaWit mungsuh sekutuh samiNuli ana nakoda dhateng merdagang
Iya aneng tanah JawaAngempek tanah sethithikLawas-lawas tumut aprangUnggul sasolahe nenggihKedhep neng tanah JawiWus ngalih jamanirekuMaksih turun MataramJejuluke kang negariNyakrawati kadhatone tanah Pajang
Ratu abala bacingahKeringan ing nuswa JawiKang miwiti dadi rajaJejuluke Layon KeliSemu satriya brangtiIya nuli salin ratuJejuluke sang nataSemune kenyo musoniNora lawas nuli salin panjenengan
Dene jejuluke nataLung gadhung rara nglingkasiNuli salin gajah metaSemune tengu lelakiSewidak warsa nuliAna dhawuhing bebenduKelem negaraniraKuwur tataning negariDuk semana pametune wong ing ndesa
Dhuwit anggris lawan uwang'Sawab ingsun den suguhiRupa getih mung sapitrahNuli retu kang nagariIlang barkating bumiTatane Parentah rusuhWong cilik kesrakatanTumpa-tumpa kang bilahiWus pinesthi nagri tan kena tinambak
Bojode ingkang negaraNarendra pisah lan abdiPrabupati sowang-sowangSamana nglaih nagariJaman Kutila gentiKara murka ratunipunSemana linambanganDene Maolana NgaliPanji loro semune Pajang Mataram
Nakodha melu wasesaKadhuk bandha sugih waniSarjana sirep sadayaWong cilik kawelas asihMah omah bosah-basihKatrajang marga agungPanji loro dyan sirnaNuli Rara ngangsu samiRandha loro nututi pijer tetukar
Tan kober paes sariraSinjang kemben tan tinolihLajengipun sinung lambangDene Maolana NgaliSamsujen Sang-a YogiTekane jaman Kala BenduIng Semarang TembayatPoma den samya ngrawuhiSasmitane lambang kang kocap punika
Dene pajege wong ndesaAkeh warninira samiLawan pajeg mundhak-mundhakYen panen datan maregiWuwuh suda ing bumiWong dursila saya ndarungAkeh dadi durjanaWong gedhe atine jailMundhak taun mundhak bilahining praja
Kukum lan yuda nagaraPan nora na kang nglabetiSalin-salin kang parentahAretu patraping adilKang bener-bener kontitKang bandhol-nbandhol pan tulusKang lurus- lurus rampasSetan mindha wahyu samiAkeh lali mring Gusti miwah wong tuwa
Ilang kawiraningdyahSawab ingsun den suguhiMring ki Ajar Gunung PadhangArupa endang sawijiSamana den etangiJaman pitung atusPitung puluh pan iyaWiwit prang tan na ngaberiNuli ana lamate negara rengka
Akeh ingkang gara-garaUdan salah mangasa praptiAkeh lindhu lan grahanaDalajate salin-salinPepati tanpa ajiAnutug ing jaman sewuWolung atus ta iyaTanah Jawa pothar pathirRatu Kara Murka Kuthila pan sirna
Dene besuk nuli anaTekane kang Tunjung PutihSemune Pudhak kasungsangBumi Mekah dennya lairIku kang angratoni Jagad kabeh ingkang mengkuJuluk Ratu Amisan Sirep musibating bumiWong nakoda milu manjing ing samuwan
Prabu tusing waliyulahKadhatone pan kekalihIng Mekah ingkang satunggal Tanah Jawi kang sawijiPrenahe iku kaki Perak lan gunung PerahuSakulone tempuran Balane samya jrih sajagadKono ana pangapuraAjeg kukum lawan adilWong cilik pajege dinarSawab ingsun den suguhi Iya kembang saruniMring ki Ajar iku mau Ing nalika semanaMulya jenenging narpatiTur abagus eseme lir madu puspa
Dhandhanggula
Langkung arja jamaning narpatiNora nana pan ingkang nanggulangWong desa iku wadaleKang duwe pajeg sewuPan sinuda dening NarpatiMung metu satus dinarMangkana winuwusJamanira pan pinetangApan sewu wolungatus anenggihRatune nuli sirna
Ilang tekan kadhatone samiNuli rusak iya nungsa JawiNora karuwan tatanePra nayaka sadarumMiwah manca negara samiPadha sowang-sowanganMangkana winuwusMangka Allahu TangalaAnjenengaken Sang Ratu AsmarakingkinBagus maksih taruna
Iku mulih jeneng NarpatiWadya punggawa sujud sadayaTur padha rena prentaheKadhatone winuwusIng Kediri ingkang satunggilKang siji tanah NgarabKarta jamanipun Duk semana pan pinetangApan sewu luwih sangang atus anenggihNegaranira rengka
Wus ndilalah kersaning Hyang WidhiRatu Perangi anulya praptaWadya tambuh wilanganePrawirane kalangkungPara ratu kalah ngajuritTan ana kang nanggulangTanah Jawa gempurWus jumeneng tanah JawaRatu Prenggi ber budi kras anglangkungiTetep neng tanah Jawa
Enengana Sang Nateng Parenggi Prabu ing Rum ingkang ginupta
Lagya siniwi wadyane Kya patih munggweng ngayunAngandika Sri Narapati“Heh patih ingsun myarsaTanah Jawa ikuIng mangke ratune sirnaIya perang klawan Ratu PrenggiTan ana kang nanggulangi
Iku patih mengkata tumuliAnggawaa ta sabalaniraPoma tundhungen den ageYen nora lunga ikuNora ingsun lilani mulih”Ki Patih sigra budhalSaha balanipunYa ta prapta tanah JawaRaja Prenggi tinundhung dening ki Patih Sirna sabalanira
Nuli rena manahe wong cilikNora ana kang budi sangsayaSarwa murah tetukoneTulus ingkang tinandurJamanira den jujulukiGandrung-gandrung neng margaAndulu wong gelungKekendon lukar kawratanKeris parung dolen tukokena nuliCampur bawur mring pasar
Sampun tutug kalih ewu warsiSunya ngegana tanpa tumingalYa meh tekan dalajateYen kiamat punikuJa majuja tabatulihiAnuli larang udanAngin topan rawuhTumangkeb sabumi alamSaking kidul wetan ingkang andhatengiAmbedhol ponang arga
By alang alang

Tidak ada komentar:

Posting Komentar